02 Mei 2010

BEGJA

Wong kang pinter kuwi isa kalah karo wong kang begja. Sanajan pinter ananging yen durung ketiban begja, durung mesthi uripe wong kuwi bisa kepenak. Kosokbaline, sanajan sinau mung tekan SD, mbokmenawa uripe bisa ngalahake wong sing sinau tekan S2 utawa malah S3. Wis akeh conto sing ana ing donya iki yen wong sing uripe rekasa dumadakan bisa nampa kabegjan sing gedhe, upamane oleh hadiah mobil saka bank kamangka tabungane neng Bank mung sithik. Ana uga sarjana lulusan universitas sing wis nyoba golek pagaweyan mrana-mrene ananging tetep durung isa nyambut gawe.


Saka ngendi asale begja? Begja asale ya mung saka Gusti. Begja ora liya rasa “matur nuwun” marang apa bae kang sawayah-wayah ditampa manungsa saka Gusti . Nalika nampa kacilakan nganti salah sijne tangane ilang, wong Jawa isih bisa omong kaya mangkene “ Begja mung tangane sing ilang, lha yen sirahe sing ilang mesthi bakal nemoni pati”. Conto liyane, ana ukara “ Wah….., begja tenan kowe bisa nyambut gawe nang kantor kuwi”. Begja uga tandha yen isih ana tresna saka Gusti marang manungsa. Contone: upama mung nampa bayar sithik, wong Jawa isih bisa ngucap “ Matur nuwun Gusti, begjane isih bisa nampa dhuwit senajan mung sithik” Begja uga ngemu pangarep-arepe manungsa marang babagan kan apik. Nalika wong tuwa ndongakake anake sing arep lunga adoh, adate wong tuwa duwe pangarep-arep kanthi ngucap “ “Muga-muga bisa nemoni begja ing uripmu, ya Nak?”


Apa begja kuwi bisa karasake dening kabeh manungsa? Ya. Rasa begja bisa dirasakake kabeh manungsa, malah uga bisa karasakake dening wong sing lagi nampa kacilakan kaya conto neng ndhuwur. Sanajan mangkono, akeh wong sing ora bisa ngrasakake begja sanajan wis akeh nampa kabegjan. Manungsa kerep lali yen isih bisa urip tekan saiki kuwi sejatine ya isih nampa kabegjan. Yen wis ora nampa kabegjan, mesthi bae wong kuwi wis mati. Isih bisa ambegan, isih bisa mlaku, isih bisa ngguyu, isih bisa mangan kuwi sejatine isih nampa kabegjan. Lha yen wis ora bisa ambegan lan ora bisa mangan kuwi tegese wis mati. Kabegjan kuwi sejatine kudu bisa dirasakake


Ing wektu saiki, nalika sangsaya akeh wong lali marang kahanan, nalika akeh wong mung golek senenge dhewe, nalika drajat, pangkat, lan dhuwit dadi barang kang diutamake, wong Jawa kudune emut marang apa sing wis katulis dening R.Ng, Ranggawrsita yaiku “ wong sing paling begja yakuwi wong sing tetep eling lan waspada”. Tegese, sanajan lagi nampa kabegjan, manungsa ora oleh lali marang apa kang wis ditampa saka Gusti. Manungsa tansah kudu eling yen samubarang kuwi saka Gusti lan bisa mangerti yen sawayah-wayah samubarang kuwi bisa dijaluk maneh dening Gusti. Manungsa uga kudu waspada supaya ora “ilang” ing uripe lan bisa ilang kamanungsane. Yen wis ilang kamanungsane, manungsa ora bisa kasebut dadi manungsa maneh.