19 Desember 2009

WANG SINAWANG


Kanggone wong Jawa, tembung “wang-sinawang” kuwi nduweni makna kang jero. Wang-sinawang tegese padha-padha nyawang antarane A lan B, si A nyawang si B lan si A uga disawang dening si B. Si A nyawang yen uripe si B mesthi luwih kepenak dibandhingke karo uripe dhewe, semana uga si B nyawang yen si A uripe uga luwih kepenak katimbang dheweke. Apa sing disawang ing sanjabane dhewe ketoke luwih kepenak katimbang apa sing dirasakake dhewe.

Ananging kanggone wong sing wis ngerti babagan urip, adate wis mangerteni yen kabeh kuwi mung sawang-sinawang. Upamane, Si A nyambut gawe dadi guru lan si B makarya dadi pegawe kantor. Pakaryan si B bisa bae dianggep luwih kepenak katimbang si A amarga ora kudu mriksa PR murid, sandhange kerja apik, kantore nganggo AC. Ananging si B uga bisa kandha” wah dadi guru kaya A mesthi luwih kepenak, akeh dina prei saengga bisa dienggo plesir karo keluargane. Lha aku iki, pakayan saka kantor kala-kala takgawa mulih lan kudu takrampungake nang omah”.

Konglomerat, saka pangirane tukang becak, mesthi dianggep luwih kepenak, lha apa bae bisa dituku lan dianggo. Sawise nyawang si konglomerat, tukang becak banjur rumangsa yen uripe kok sarwa susah, kuluwarga mung bisa mangan sedina kamangka direwangi nggenjot becak kerja saka esuk tekan bengi.
Ananging, nalika ngerti ana wong sing ngemis lan uripe luwih rekasa, tukang becak banjur krasa yen nyatane uripe isih luwih kepenak katimbang wong sing ngemis. Sing dirasakake mbokmenawa rasa begja amarga isih ana sing dipangan sedina-dina katimbang sing luwih mlarat. “Apa sing dakrasakake isih luwih kepenak katimbang wong kae” mangkono batine.

Konglomerat mbakmawa malah krasa yen “ tukang becak kae uripe kok kepenak temen ya? Bisa turu neng njero becak kamangka nggone turu cilik tur atos, ora kaya aku tansah dioyak-oyak utang bank, ora disenengi dening anak buah, dikiwakake kanca sing ora seneng”. Urip sing taklakoni kok mung kaya mesin,” suarane batine.

Banjur, apa luwih apik yen ora perlu nyawang wong liya? Ora mangkono, Awake dhewe kudu nyawang wong liya supaya ngerti yen apa sing disawang kuwi ana sing apik lan elek, ana sing nyenengake lan gawe susah. Apa kang kasawang kudu bisa dienggo kanggo sinau yen sejatine urip kuwi mung sawang-sinawang. Apa bae sing gawe seneng lan susah kuwi gumantung piye carane ngrasakake seneng lan susah kuwi dhewe. Sega murah sing dipangan neng warung cilik bisa luwih enak katimbang panganan sing ditekakake saka manca yen anggone mangan bener-bener didhasari rasa ngelih. Turu neng njero becak bisa luwih kepenak katimbang nginep nang hotel bintang lima yen pancen ngantuk sing dirasakake. Rasa ngelihe wong sugih lan wong mlarat sejatine padha. Ngantuke wong mlarat padha karo apa sing dirasake konglomerat

sembah nuwun konjuk ing Gusti

JANMA TAN KENA KINIRA




Manungsa ing donya kuwi gumantung saka Gusti. Manungsa mung bisa ngrancang ananging kabeh kuwi ditemtokake dening Gusti. Urip, mati, jodho, rejeki asale saka Gusti, dadi begja-cilakane manungsa kuwi ora bisa dikira-kira, utawa luwih kawentar mawa ukara “janma tak kena kinira”. Ewon malah kepara yutan wong golek pagaweyan, ananging yen durung ditemtokake, ya ora bakal bisa nyambut gawe, dene ana wong sing lagi perlu pagaweyan dumadakan ditawani pakaryan. Lagi butuh panganan dumadakan ditawani panganan. Ana uga sing oleh pacangan sing cocog banget karo kepinginan. Wong sing pinginan ora mesthi bisa nampa apa kang dipinginake. Ana uga wong sing ora tau dianggep ora bisa apa-apa, dumadakan anggepan kuwi kleru amarga wong kuwi mumbul nasibe, malah ajarane ditutake yutan wong. Kabeh kang owah kuwi bisa dumadi, dene apa kang dumadi kuwi ya mung amarga kersane Gusti lan dudu saka pikirane manungsa.

Owah-owahan urip iku ora teka dumadakan ananging butuh wektu, nasibe manungsa dudu barang tiban, kaya lintang tiba saka langit utawa mung kaya nglumahke tangan.
Janma tan kena kinira bisa kawujudan kanthi cara kebak lakon, lan wektune uga suwe. Lakon kang dialami manungsa kuwi apike ora ucul saka cekelan ing uripe manungsa, yakuwi agama lan ajaran bener kang pungkasane tumuju marang Gusti sing gawe urip lang uga nguripi manungsa. Dhidhikan lan tuntunan saka wong tuwa sarta guru yen katindakake kanthi bener , sejatine uga ngarahake manungsa supaya bisa tumuju marang Gusti saengga sawayah-wayah
bisa ngundhuh kamulyan tanpa etungan. Ing carita carangan wayang kulit uga dicritakake kepiye Petruk sing wujude elek bisa ngalahake para dewa ing khayangan. Anggepan yen Petruk kuwi mung batur sing ora duwe daya, bisa owah sanalika. Omongane para dewa sing ngemu ancaman ora kaangep dening Petruk amarga Petruk dadi wong sing menangan.

Wulangan kang bisa dujupuk saka ukara janma tan kena kinira sejatine pituduh yen manungsa aja nglalekake Gusti sing tansah langgeng ing samubarang utawa marang piwulang bener sing ngajarake kabecikan. Ukara kuwi uga minangka tuntunan supaya manungsa ora ngiwakake wong liya. Yen manungsa lali marang Gusti lan piwulang sejati, kuwi tegese manungsa tansah urip ing petengan lan yen urip ing pepeteng, mesthi bae ora bisa ngerti lan ngrasakake endi sing bener lan endi sing kleru, kaya Rahwana sing nganggep Anoman mung saderma kethek lan ora duwe daya. Lan sing dadi pungkasan, Rahwana kalah amarga ngadohi bebener. Para satriya lan malah para dewa uga ngiwakake Petruk amarga wujude sing elek lan kalungguhan Petruk dadi bature para striya, dadi owah. Para satriya lan dewa malah kisinan amarga Petruk ndadekake para satriya lan dewa dadi dolanan, kaya bocah cilik dolanan montor-montoran

sembah nuwun konjuk ing Gusti